-
Para Hakim 2:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Ning pas hakim kuwi wis mati, wong-wong kuwi nindakké manèh sing jahat, malah luwih parah timbang nènèk moyangé. Wong-wong kuwi nyembah, nglayani, lan sujud marang allah-allah liya.+ Wong-wong kuwi ndableg lan ora ninggalké kelakuané sing jahat.
-
-
Para Hakim 10:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Israèl nindakké manèh apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah+ lan mulai nglayani déwa-déwa Baal,+ patung-patung Astorèt, allah-allahé Siria,* allah-allahé Sidon, allah-allahé Moab,+ allah-allahé wong Ammon,+ lan allah-allahé wong Filistin. Wong Israèl ninggalké Yéhuwah lan ora nglayani Dhèwèké.+
-