-
Para Hakim 3:28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Bar kuwi Éhud kandha, ”Ayo mèlu aku. Yéhuwah wis nggawé kowé menang nglawan mungsuhmu, yaiku wong Moab.” Mula wong-wong kuwi padha mèlu Éhud lan ngrebut panggonan kanggo nyabrang Kali Yordan supaya wong Moab ora isa mlayu. Ora ana sing éntuk nyabrang ing kono.
-
-
Para Hakim 7:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Gidéon ngirim utusan marang kabèh wong sing ana ing dhaérah pegunungan Éfraim karo kandha, ”Mudhuna lan serangen wong Midian. Lungaa ndhisiki wong Midian menyang Bèt-bara lan Kali Yordan. Jaganen panggonan nyabrang kuwi bèn wong Midian ora isa nyabrang kali.” Mula, kabèh wong Éfraim padha ngumpul lan njaga panggonan nyabrang kuwi nganti tekan Bèt-bara lan Kali Yordan.
-