-
Pangentasan 23:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Malaékat-Ku bakal mlaku ing ngarepmu lan bakal nuntun kowé menyang tanahé wong Amori, wong Hèt, wong Pèriz, wong Kanaan, wong Hèwi, lan wong Yébus. Kabèh bangsa kuwi bakal Tak singkirké.+
-
-
Yosua 5:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Pas ana ing cedhaké Yérikho, Yosua ujug-ujug ndelok wong lanang+ ngadeg ing ngarepé karo nyekel pedhang.+ Yosua marani wong lanang kuwi lan takon, ”Kowé mihak aku apa mihak mungsuhku?” 14 Wong lanang kuwi njawab, ”Aku ora mihak kabèh, ning aku iki pemimpin pasukané Yéhuwah.”+ Terus, Yosua sujud lan kandha, ”Gustiku, apa sing arep njenengan omongké marang abdimu iki?”
-