-
Pangandharing Torèt 13:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Ning, nabi utawa wong sing ngramal merga éntuk mimpi kuwi kudu mbok patèni,+ merga wong kuwi isa nggawé kowé mbrontak marang Yéhuwah Gusti Allahmu, bèn kowé ora manut karo préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu. Gusti Allahmu wis nggawa kowé metu saka tanah Mesir lan mbébaské kowé saka panggonan wektu kowé dadi budhak. Kowé kudu nyingkirké kabèh sing jahat saka antaramu.+
-
-
Pangandharing Torèt 22:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Nèk ana wong lanang sing konangan lagi nindakké hubungan sèks karo bojoné wong liya, loro-loroné kudu dipatèni, yaiku wong lanang lan wong wédok sing nindakké hubungan sèks kuwi.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka Israèl.
-