20 ”Kowé kudu wedi marang* Yéhuwah Gusti Allahmu lan ngabdi marang Dhèwèké.+ Kowé kudu setya marang Dhèwèké. Nèk nggawé sumpah, kowé kudu sumpah nganggo jenengé.
4 Kowé kudu nyembah Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kowé kudu wedi marang* Dhèwèké. Kowé kudu manut karo préntahé lan ngrungokké omongané. Kowé kudu ngabdi mung marang Dhèwèké, lan kowé kudu terus setya marang Dhèwèké.+