22 Pas kabèh wong Israèl sing ndhelik+ ing pegunungan Éfraim krungu nèk wong Filistin wis padha mlayu, kabèh wong kuwi mèlu ngoyak* wong Filistin lan maju perang. 23 Dina kuwi, Yéhuwah nylametké Israèl.+ Perang kuwi dadi saya gedhé nganti tekan Bèt-awèn.+
51 Terus, Daud mlayu lan ngadeg ing jèjèré Goliat.* Daud njupuk pedhangé Goliat,+ ngetokké saka wadhahé, lan nugel sirahé Goliat kanggo mastèkké nèk Goliat bener-bener wis mati. Pas wong Filistin ndelok jagoané wis mati, wong Filistin padha mlayu.+