-
1 Samuèl 9:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Bar tekan kutha, kowé bakal ketemu dhèwèké sakdurungé dhèwèké munggah ing panggonan dhuwur kanggo mangan. Wong-wong ora bakal mangan sakdurungé dhèwèké teka merga dhèwèké kuwi wong sing bakal mberkahi korban mau. Sakwisé kuwi, wong-wong sing diundang lagi isa mangan. Mula, kowé kudu cepet-cepet bèn isa ndang ketemu dhèwèké.”
-
-
1 Samuèl 9:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Mula, tukang masak mau njupuk daging pupu lan bagéan ndhuwuré, terus nyiapké kuwi ing ngarepé Saul. Samuèl kandha, ”Saiki, bagéan sing wis dipesen kanggo kowé wis disiapké ing ngarepmu. Panganen, merga kuwi wis disimpen bèn mbok pangan ing kesempatan iki. Sakdurungé aku wis kandha, ’Aku arep ngundang tamu.’” Mula, dina kuwi Saul mangan bareng karo Samuèl.
-