-
Yosua 7:16-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Sésuké, Yosua tangi ésuk banget lan ngundang* bangsa Israèl. Saka kabèh suku, suku Yéhuda sing ditunjuk. 17 Yosua ngongkon kabèh keluarga saka suku Yéhuda maju, lan keluarga Zérah+ sing ditunjuk. Terus, Yosua ngongkon kabèh wong lanang ing keluarga Zérah maju, lan Zabdi sing ditunjuk. 18 Akhiré, Yosua ngongkon kabèh wong lanang ing rumah tanggané Zabdi maju, lan sing ditunjuk yaiku Akhan anaké Karmi, anaké Zabdi, anaké Zérah, saka suku Yéhuda.+
-