-
1 Samuèl 8:11-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Samuèl kandha, ”Iki sing bakal dadi haké raja sing bakal mréntah kowé:+ Raja kuwi bakal njupuk anak-anakmu lanang.+ Anak-anakmu kuwi bakal ditugaské ing kréta perangé+ lan didadèkké pasukan sing numpak jaran.+ Ana sing bakal dikongkon mlayu ing ngarep kréta perangé. 12 Raja kuwi ya bakal milih para pemimpiné wong sèwu+ lan pemimpiné wong sèket.+ Ana sing bakal mbajak ladhangé,+ manèn hasilé,+ lan nggawé senjata perang lan perlengkapan krétané.+ 13 Raja kuwi ya bakal njupuk anak-anakmu wédok merga arep didadèkké tukang ngracik minyak wangi, tukang masak, lan tukang nggawé roti.+ 14 Raja kuwi bakal njupuk sing paling apik saka ladhangmu, kebon anggurmu, lan kebon zaitunmu,+ terus mènèhké kuwi marang para abdiné. 15 Raja kuwi bakal njupuk sepersepuluh saka hasil ladhangmu lan kebon anggurmu, terus mènèhké kuwi marang para pejabat lan abdi-abdiné. 16 Raja kuwi ya bakal njupuk abdimu lanang lan wédok, ternakmu sing paling apik, lan keledaimu kanggo nindakké gawéané.+ 17 Raja kuwi bakal njupuk sepersepuluh saka kumpulan dombamu,+ lan kowé bakal dadi abdiné. 18 Bakal tekan wektuné kowé njerit merga raja sing wis mbok pilih kuwi.+ Ning wektu kuwi, Yéhuwah ora bakal njawab.”
-