-
1 Para Raja 1:39, 40Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
39 Bar kuwi, Imam Zadok njupuk wadhah* sing isiné minyak+ saka kémahé,+ terus ngesokké minyak kuwi ing ndhuwur sirahé Salomo+ kanggo nglantik dhèwèké. Wong-wong padha nyebul trompèt* lan mulai padha mbengok, ”Muga-muga Raja Salomo diberkahi.” 40 Sakwisé kuwi, kabèh wong lunga ngetutké Salomo karo nyuling lan sorak-sorak. Swarané banter banget nganti buminé goncang.*+
-
-
2 Para Raja 11:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus, Atalia ndelok Raja ngadeg ing cedhak cagak kaya kebiasaané para raja.+ Para pemimpin lan wong sing nyebul trompèt+ ana ing kono karo Raja. Kabèh wong ing tanah kuwi padha seneng-seneng lan nyebul trompèt. Wektu ndelok kuwi, Atalia nyuwèk klambiné lan mbengok, ”Pengkhianatan! Pengkhianatan!”
-
-
1 Babad 12:39, 40Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
39 Wong-wong kuwi manggon ing kana karo Daud telung dina suwéné. Wong-wong kuwi mangan lan ngombé sing wis disiapké sedulur-seduluré. 40 Wong-wong sing ana ing cedhaké wong-wong kuwi, malah wong-wong sing ana ing Isakhar, Zébulon, lan Naftali, padha nggawa panganan nganggo keledai, unta, keledai,* lan sapi. Wong-wong kuwi nyedhiakké tepung, kué ara kering lan kismis, anggur, minyak, sapi, lan domba sing jumlahé akèh banget, merga wong Israèl padha seneng banget.
-