-
Yosua 13:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Iki dhaérah sing durung direbut:+ kabèh dhaérahé wong Filistin lan kabèh dhaérahé wong Gésyur+ 3 (saka cabangé Kali Nil* ing sisih wétané* Mesir nganti perbatasan Ékron ing sisih lor, sing mbiyèn dianggep dhaérahé wong Kanaan)+ termasuk dhaérahé lima pemimpiné wong Filistin,+ yaiku wong Gaza, wong Asdod,+ wong Askélon,+ wong Gat,+ lan wong Ékron;+ dhaérahé wong Awim+
-
-
1 Samuèl 9:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 ”Sésuk ing wektu sing padha kaya saiki iki, Aku bakal ngutus wong lanang saka dhaérah Bènyamin.+ Kowé kudu nglantik dhèwèké dadi pemimpiné umat-Ku Israèl.+ Dhèwèké bakal nylametké umat-Ku saka wong Filistin. Aku wis ndelok kesusahané umat-Ku, lan Aku wis ngrungokké wektu umat-Ku sambat marang Aku.”+
-