26 Éhud mlayu wektu para abdiné Raja isih padha ngentèni ing kono. Dhèwèké ngliwati patung-patung pahatan+ lan slamet tekan ing Séira. 27 Pas tekan kana, Éhud nyebul trompèt+ ing dhaérah pegunungan Éfraim.+ Terus, dhèwèké mimpin wong Israèl mudhun saka dhaérah pegunungan kuwi.