PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 32:39
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 39 Saiki kowé ngerti nèk Aku iki Gusti Allah,+

      Ora ana allah liya sakliyané Aku.+

      Aku matèni, lan Aku nguripké.+

      Aku nggawé luka,+ lan Aku sing bakal nambani,+

      Ora ana sing isa mbébaské sapa waé saka tangan-Ku.+

  • Ayub 14:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Tulung Njenengan ndhelikké aku ing njero Kuburan,*+

      Tulung dhelikna aku nganti Njenengan ora nesu manèh,

      Lan tulung Njenengan nentokké batas wektu kanggo aku lan ngéling-éling aku.+

  • Mazmur 30:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Oh Yéhuwah, Njenengan ngetokké aku saka Kuburan.*+

      Njenengan nggawé aku tetep urip. Njenengan nylametké aku bèn ora sida mati.*+

  • Mazmur 49:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Ning Gusti Allah bakal mbébaské* aku saka Kuburan,*+

      Dhèwèké bakal narik aku bèn aku slamet. (Sela)

  • Mazmur 68:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Gusti Allah sing bener kuwi Gusti Allah sing nylametké awaké dhéwé.+

      Yéhuwah Gusti Allah sing Mahakuwasa nylametké awaké dhéwé bèn ora mati.+

  • Hoséa 13:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Aku bakal nebus umat-Ku saka Kuburan.*

      Aku bakal mbébaské wong-wong kuwi saka kematian.+

      Kematian, ing endi kekuwatanmu sing nggawé sengsara?+

      Kuburan, ing endi kekuwatanmu sing ngrusak?+

      Ning, Aku ora bakal mesakké karo Éfraim.

  • Yohanes 11:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Marta njawab, ”Aku ngerti nèk dhèwèké bakal urip wektu wong mati diuripké manèh+ ing dina terakhir.”

  • 1 Korintus 15:55
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 55 ”Kematian, kowé wis kalah. Kematian, ing endi kekuwatanmu sing nggawé sengsara?”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim