14 Ning saiki, kerajaanmu ora bakal langgeng.+ Yéhuwah bakal nggolèk wong liya sing nyenengké atiné.+ Yéhuwah ya bakal ngangkat wong kuwi dadi pemimpiné umaté,+ merga kowé wis ora manut préntahé Yéhuwah.”+
16Yéhuwah akhiré kandha karo Samuèl, ”Nganti kapan kowé bakal sedhih merga Saul?+ Aku wis nolak dhèwèké dadi raja Israèl.+ Isinen wadhah* nganggo minyak.+ Aku bakal ngutus kowé marani Isai+ wong Bètlehèm, merga Aku wis milih salah siji anaké Isai dadi raja.”+
22 Sakwisé nyingkirké Saul, Dhèwèké ngangkat Daud dadi raja.+ Gusti Allah mènèhi kesaksian soal Daud lan kandha, ’Aku wis milih Daud anaké Isai,+ wong sing nyenengké ati-Ku.+ Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak karepké.’