PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 8:39
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 39 muga-muga Njenengan ngrungokké saka panggonan-Mu ing swarga,+ ngapura wong-wong kuwi,+ lan tumindak, terus mènèhi upah marang saben wong nurut tumindaké,+ merga Njenengan ngerti isi atiné wong-wong kuwi (mung Njenengan sing bener-bener ngerti isi atiné saben manungsa),+

  • 1 Babad 28:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 ”Kowé, Salomo anakku, kowé kudu kenal karo Gusti Allah sing disembah bapakmu lan kudu seneng+ wektu nglayani Dhèwèké saktulusé atimu,+ merga Yéhuwah mriksa kabèh niat lan pikiran.+ Nèk kowé nggolèki Dhèwèké, Dhèwèké bakal mbok temokké.*+ Ning nèk kowé ninggalké Dhèwèké, Dhèwèké ya bakal nolak kowé saklawasé.+

  • Mazmur 7:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  9 Muga-muga Njenengan nggawé wong sing jahat ora tumindak jahat manèh

      Lan mbéla wong sing bener,+

      Merga Njenengan kuwi Gusti Allah sing adil,+ sing nyelidiki ati+ lan perasaané manungsa.*+

  • Wulang Bebasan 24:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Ning, nèk kowé ngomong, ”Aku ora ngerti apa-apa soal kuwi,”

      Apa Dhèwèké sing ngerti isi atiné* manungsa ora isa ngerti pikiranmu?+

      Dhèwèké sing ngamati kowé bakal ngerti sing mbok pikirké

      Lan bakal mbales saben manungsa manut karo tumindaké dhéwé-dhéwé.+

  • Yérémia 17:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Aku, Yéhuwah, mriksa ati+

      Lan mriksa pikiran*

      Kanggo mbales saben wong sesuai karo tumindaké,

      Sesuai karo kelakuané.+

  • Kisah 1:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Terus, murid-murid ndonga, ”Oh Yéhuwah, Njenengan kan ngerti isi atiné kabèh wong.+ Mula, tulung duduhna sapa sing Njenengan pilih saka wong loro iki.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim