14 Ning saiki, kerajaanmu ora bakal langgeng.+ Yéhuwah bakal nggolèk wong liya sing nyenengké atiné.+ Yéhuwah ya bakal ngangkat wong kuwi dadi pemimpiné umaté,+ merga kowé wis ora manut préntahé Yéhuwah.”+
22 Sakwisé nyingkirké Saul, Dhèwèké ngangkat Daud dadi raja.+ Gusti Allah mènèhi kesaksian soal Daud lan kandha, ’Aku wis milih Daud anaké Isai,+ wong sing nyenengké ati-Ku.+ Dhèwèké bakal nindakké kabèh sing Tak karepké.’