1Ana wong lanang saka Ramataim-zofim*+ ing dhaérah pegunungan Éfraim+ sing jenengé Èlkana,+ wong Éfraim. Dhèwèké kuwi anaké Yéroham. Yéroham kuwi anaké Èlihu. Èlihu kuwi anaké Tohu. Tohu kuwi anaké Zuf.
19 Keluarga kuwi tangi ésuk-ésuk banget lan sujud marang Yéhuwah, terus mulih menyang omahé ing Rama.+ Èlkana nindakké hubungan sèks karo Hana bojoné, lan Yéhuwah nggatèkké* Hana.+