-
1 Samuèl 17:32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Daud kandha, ”Aja nganti ana sing wedi merga wong kuwi. Abdimu iki bakal nglawan wong Filistin kuwi.”+
-
-
1 Samuèl 17:45, 46Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
45 Daud njawab Goliat,* ”Kowé nglawan aku nganggo pedhang lan tombak loro,+ ning aku nglawan kowé nganggo jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan.+ Dhèwèké kuwi Gusti Allahé pasukan Israèl sing mbok tantang.*+ 46 Dina iki, Yéhuwah bakal mbantu aku ngalahké kowé.+ Aku bakal matèni kowé lan nugel sirahmu. Dina iki, mayaté pasukan Filistin bakal tak pakakké manuk-manuk ing langit lan kéwan-kéwan liar ing bumi. Kabèh wong ing bumi bakal ngerti nèk ana Gusti Allah ing Israèl.+
-