-
1 Samuèl 17:38, 39Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Terus, Saul mènèhi Daud perlengkapan perangé. Saul ya nganggokké tutup sirah saka tembaga ing sirahé Daud. Bar kuwi, Daud dienggoni klambi perang. 39 Daud nglebokké pedhangé ing sabuké, terus nyoba mlaku. Ning, Daud ora isa mlaku merga ora biasa nganggo kaya ngono. Daud kandha, ”Aku ora isa mlaku nganggo iki merga aku ora biasa.” Mula Daud nyopoti kuwi.
-
-
1 Para Raja 22:34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Ana wong sing manah sak kenané, lan ora sengaja ngenani raja Israèl pas ing sela-selané sambungan klambi perangé. Mula Raja kandha marang kusir krétané, ”Mbalika, lan gawanen aku lunga saka kéné merga aku wis luka parah.”+
-