15 Dina kuwi, saka kabèh kuthané, wong Bènyamin nglumpukké 26.000 wong sing nggawa pedhang, durung termasuk 700 prajurit pilihan saka Gibéah. 16 Ing antarané pasukan kuwi, ana 700 prajurit sing kidhal. Saben wong kuwi isa mbandhilké watu lan ora mlèsèt babar blas.