PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Samuèl 20:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Kowé wis nggawé perjanjian karo abdimu iki+ ing ngarepé Yéhuwah, mula duduhna katresnan sing langgeng* marang abdimu iki.+ Ning nèk pancèn aku salah,+ kowé sing kudu matèni aku. Aja bapakmu sing matèni aku.”

  • 1 Samuèl 20:42
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 42 Yonatan kandha, ”Wis kowé lunga waé. Aja kuwatir, merga awaké dhéwé wis sumpah+ nganggo jenengé Yéhuwah lan kandha, ’Muga-muga Yéhuwah dadi seksi ing antarané aku lan kowé, lan ing antarané keturunanku lan keturunanmu* saklawasé.’”+

      Bar kuwi, Daud lunga, lan Yonatan bali menyang kutha.

  • 1 Samuèl 23:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Wong loro kuwi nggawé perjanjian+ ing ngarepé Yéhuwah. Bar kuwi Yonatan mulih, ning Daud tetep manggon ing Horès.

  • 2 Samuèl 9:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Daud takon, ”Apa ana keluargané Saul sing isih urip? Aku bakal apikan* karo dhèwèké merga Yonatan.”+

  • 2 Samuèl 21:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Ning, Raja mesakké marang Méfibosyèt+ anaké Yonatan, putuné Saul, merga sumpah sing wis diucapké Daud lan Yonatan+ anaké Saul ing ngarepé Yéhuwah.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim