9 Terus, Yéhuwah nggawé pikirané Saul dadi ora tentrem.+ Wektu kuwi, Saul lagi lungguh ing istanané karo nyekel tombak, lan Daud lagi main harpa.+ 10 Saul nyoba nancepké Daud ing témbok nganggo tombak, ning Daud nyingkir. Tombaké nancep ing témbok. Bengi kuwi, Daud mlayu lan lolos.