-
Kaimaman 11:23, 24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Sakliyané kéwan-kéwan kuwi, kabèh serangga sing nduwé sayap lan isa mlaku kuwi kudu mbok anggep njijiki. 24 Serangga-serangga kuwi isa nggawé kowé najis. Wong sing ndemèk bathangé bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+
-
-
Kaimaman 15:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 ”’Panggonan apa waé sing dituroni wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis, lan apa waé sing dilungguhi wong lanang sing lara kuwi bakal dadi najis. 5 Sapa waé sing ndemèk panggonan sing dituroni wong lanang sing lara kuwi kudu ngumbah klambiné lan adus. Wong sing ndemèk kuwi bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+
-
-
Kaimaman 15:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 ”’Nèk wong lanang ngetokké air mani, dhèwèké kudu adus lan bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+
-
-
Kaimaman 15:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 ”’Nèk wong lanang nindakké hubungan sèks karo wong wédok lan ngetokké air mani, wong loro kuwi kudu adus lan bakal dadi najis nganti matahari terbenam.+
-
-
Wilangan 19:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Saben wong ing padhang sing ndemèk wong sing dipatèni nganggo pedhang, utawa mayat, utawa balungé manungsa, utawa kuburan, bakal dadi najis pitung dina suwéné.+
-