14 Yéhuwah nesu karo Musa lan kandha, ”Kowé nduwé kakang sing jenengé Harun+ wong Lèwi kuwi, ta? Dhèwèké pinter ngomong. Dhèwèké lagi mlaku mréné merga arep nemoni kowé. Nèk ketemu kowé, dhèwèké* mesthi seneng banget.+
27 Yéhuwah kandha karo Harun, ”Kowé kudu nemoni Musa+ ing padhang belantara.” Mula, Harun nemoni Musa ing gunungé Gusti Allah sing bener.+ Wektu ketemu karo Musa, Harun ngambung Musa.