10 Rut, wong Moab kuwi, yaiku randhané Mahlon, ya bakal tak dadèkké bojoku bèn tanah warisané wong sing wis mati kuwi tetep dadi duwèké keturunané.+ Jenengé ya ora bakal ilang saka antarané seduluré lan penduduk kutha iki.* Dina iki, kowé dadi seksiné.”+
17 Wong-wong wédok tanggané Naomi kandha, ”Naomi nduwé anak lanang.” Wong-wong wédok kuwi njenengi bocah kuwi Obèd.+ Obèd kuwi bapaké Isai,+ lan Isai kuwi bapaké Daud.
47 Saul nduwé kekuasaan sing saya gedhé ing Israèl. Saul perang nglawan kabèh mungsuhé, yaiku wong Moab,+ wong Ammon,+ wong Édom,+ raja-raja Zoba,+ lan wong Filistin.+ Saul mesthi isa ngalahké mungsuh-mungsuhé menyang endi waé dhèwèké lunga.