14 Daud manggon ing padhang belantara, ing panggonan sing angèl diparani, ing dhaérah pegunungan ing Padhang Belantara Zif.+ Saul nggolèki Daud terus,+ ning Yéhuwah ora masrahké Daud marang Saul.
19 Terus, wong-wong Zif marani Saul ing Gibéah+ lan kandha, ”Daud ndhelik ing cedhakku,+ ing panggonan sing angèl diparani ing Horès,+ ing Bukit Hakhila,+ sing ana ing sisih kidulé* Yésyimon.*+
24 Mula, wong Zif lunga ndhisiki Saul menyang Zif.+ Ning pas kuwi, Daud lan anak buahé isih ana ing Padhang Belantara Maon,+ ing Araba+ ing sisih kidulé Yésyimon.