4 Anak buahé Daud kandha, ”Dina iki Yéhuwah kandha marang kowé, ’Aku nyerahké mungsuh-mungsuhmu marang kowé.+ Kowé éntuk nindakké apa waé sing mbok péngini marang mungsuhmu kuwi.’” Terus, Daud meneng-meneng ngethok pucuk jubah dawané* Saul.
23 Yéhuwah sing bakal mbales saben wong sesuai karo tumindaké dhéwé-dhéwé, yaiku tumindak sing bener+ lan sing setya. Dina iki Yéhuwah wis nyerahké njenengan marang aku, ning aku ora gelem nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah.+