-
Wilangan 23:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
Nèk Dhèwèké ngomong, mesthi ditindakké.
Nèk Dhèwèké janji, mesthi ditepati.+
-
-
1 Samuèl 2:31-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Bakal tekan wektuné Aku ngilangké kekuwatanmu lan kekuwatané keluargané bapakmu supaya ora ana wong ing keluargamu sing umuré dawa.+ 32 Pas wong Israèl ngrasakké urip sing kepénak, kowé ya bakal ndelok mungsuhmu ing omah-Ku.+ Ora bakal ana manèh wong ing keluargamu sing umuré dawa. 33 Keturunanmu sing isih Tak ijinké nglayani ing mézbah-Ku bakal nggawé mripatmu ora isa ndelok jelas manèh lan nggawé kowé sedhih, ning akèh-akèhé keluargamu bakal mati merga pedhang.+ 34 Bèn kowé ngerti nèk sing Tak omongké iki bener, Aku bakal mènèhi kowé tandha iki: Anakmu lanang loro, Hofni lan Pinéhas, bakal mati bareng ing dina sing padha.+
-
-
Yésaya 55:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Udan lan salju sing mudhun saka langit ora bakal bali manèh sakdurungé bumi dadi teles.
Kuwi mesthi bakal nggawé tanduran padha thukul, ngetokké buah,
Ngetokké benih sing isa ditandur, lan mènèhi bahan pangan sing isa dipangan.
11 Omongan-Ku ya kaya ngono.+
Kabèh sing Tak omongké mesthi bakal kelakon.+
Kuwi mesthi bakal kelakon kaya sing Tak karepké.*+
Kabèh sing Tak préntahké mesthi bakal berhasil.
-