-
1 Samuèl 11:9-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Saul lan para prajurité ngandhani para utusan sing teka mau, ”Kowé kudu ngomong ngéné marang wong Yabès ing Giléad, ’Sésuk pas awan, kowé bakal dislametké.’” Terus, para utusan kuwi mara lan ngandhani wong Yabès. Wong Yabès dadi seneng banget. 10 Mula, wong Yabès kandha marang wong Ammon, ”Sésuk aku bakal nyerah. Sak karepmu aku arep mbok apakké.”+
11 Sésuké, Saul mbagi wong-wong dadi telung pasukan. Terus, wong-wong kuwi padha mangkat menyang tengah-tengahé perkémahan mungsuh pas giliran jaga ésuk* lan nyerang wong Ammon+ nganti awan. Wong-wong sing slamet padha mencar lan mlayu dhéwé-dhéwé.
-