PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Samuèl 2:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Bakal tekan wektuné Aku ngilangké kekuwatanmu lan kekuwatané keluargané bapakmu supaya ora ana wong ing keluargamu sing umuré dawa.+

  • 1 Samuèl 2:34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 34 Bèn kowé ngerti nèk sing Tak omongké iki bener, Aku bakal mènèhi kowé tandha iki: Anakmu lanang loro, Hofni lan Pinéhas, bakal mati bareng ing dina sing padha.+

  • 1 Samuèl 4:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Wektu para prajurit bali ing perkémahan, para pemimpiné* Israèl kandha, ”Ngapa kok dina iki Yéhuwah nggawé awaké dhéwé dikalahké wong Filistin?+ Ayo nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah saka Syilo.+ Nèk pethi kuwi digawa, pethi kuwi isa nylametké awaké dhéwé saka mungsuh.”

  • 1 Samuèl 4:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Wong sing mènèhi laporan kuwi kandha, ”Wong Israèl wis mlayu saka wong Filistin merga kalah, lan akèh sing mati.+ Anakmu lanang, yaiku Hofni lan Pinéhas, mati.+ Pethiné Gusti Allah sing bener ya wis direbut.”+

  • Mazmur 78:61
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 61 Dhèwèké meneng waé pas mungsuh-mungsuhé njupuk Pethi+

      Sing nglambangké kekuwatan lan kemuliaané Gusti Allah.

  • Mazmur 78:64
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 64 Para imamé dipatèni nganggo pedhang+

      Lan ora ditangisi karo bojoné.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim