-
2 Samuèl 1:13-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Daud nakoni cah enom sing nggawa kabar mau, ”Kowé asalé saka ngendi?” Dhèwèké njawab, ”Aku keturunané wong Amalèk sing manggon ing Israèl dadi penduduk asing.” 14 Daud kandha karo wong kuwi, ”Kok kowé ora wedi nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah?”+ 15 Terus, Daud ngundang* salah siji anak buahé lan kandha, ”Maju mréné, terus patèni dhèwèké.” Mula anak buahé Daud matèni wong kuwi, lan wong kuwi mati.+
-