-
1 Babad 11:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Terus, Daud lan kabèh wong Israèl mangkat menyang Yérusalèm, yaiku menyang Yébus,+ tanah panggonané wong Yébus.+ 5 Penduduk Yébus ngécé Daud, ”Kowé ora bakal isa mlebu mréné!”+ Ning, Daud ngrebut bèntèng Zion,+ sing saiki dadi Kutha Daud.+ 6 Mula Daud kandha, ”Wong sing luwih dhisik nyerang wong Yébus bakal dadi pemimpin* lan pejabat.” Yoab+ anaké Zéruya maju luwih dhisik, lan dhèwèké dadi pemimpin.
-