-
1 Samuèl 7:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Pethi kuwi wis suwé ana ing Kiriat-yéarim, yaiku 20 taun. Wektu kuwi, kabèh wong Israèl mulai sambat njaluk tulung marang Yéhuwah.+
-
-
1 Babad 13:1-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Daud omong-omongan karo para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus lan karo para pemimpin liyané.+ 2 Terus, Daud kandha marang kabèh jemaat Israèl, ”Nèk kowé setuju lan iki cocog karo karepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, ayo awaké dhéwé ngirim pesen marang kabèh seduluré awaké dhéwé sing isih ana ing kabèh dhaérah Israèl lan marang para imam lan wong Lèwi ing kutha-kuthané+ sing ana padhang rumputé, supaya wong-wong kuwi teka lan nggabung karo awaké dhéwé. 3 Ayo nggawa bali Pethiné+ Gusti Allahé awaké dhéwé.” Ing jamané Saul,+ Pethi kuwi ora diurusi. 4 Kabèh padha setuju, merga kuwi apik kanggoné wong-wong kuwi. 5 Mula, Daud nglumpukké kabèh wong Israèl, saka kali* ing Mesir nganti tekan Lébo-hamat,*+ kanggo nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka Kiriat-yéarim.+
-