-
1 Para Raja 5:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 ”Njenengan kan ngerti nèk Daud bapakku ora isa mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé, merga dhèwèké perang nglawan akèh mungsuh, ning akhiré Yéhuwah mènèhi dhèwèké kemenangan.+
-
-
1 Para Raja 8:17-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Daud bapakku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ 18 Ning, Yéhuwah kandha marang Daud bapakku, ’Kowé péngin banget mbangun omah kanggo jeneng-Ku, lan kepénginanmu kuwi apik. 19 Senajan ngono, dudu kowé sing bakal mbangun omah kuwi, ning anakmu sing mengko bakal lair,* dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku.’+
-
-
1 Babad 17:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 ”Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Dudu kowé sing bakal mbangun omah sing bakal dadi panggonan-Ku.+ 5 Aku ora tau manggon ing omah kèt Aku nggawa bangsa Israèl metu nganti dina iki. Ning, Aku terus lunga saka kémah siji menyang kémah liyané lan saka tabernakel siji menyang tabernakel liyané.*+ 6 Saksuwéné Aku lunga bareng karo kabèh wong Israèl, apa Aku tau kandha, ’Ngapa kok kowé ora nggawèkké omah saka kayu aras kanggo Aku?’ Apa Aku tau kandha kaya ngono marang salah siji hakim Israèl sing Tak lantik dadi gembala kanggo umat-Ku?”’
-
-
1 Babad 22:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Daud kandha marang Salomo anaké, ”Sakjané, atiku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahku.+ 8 Ning Yéhuwah kandha marang aku, ’Kowé wis matèni wong akèh, lan kowé ya wis bola-bali perang. Kowé ora bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku+ merga kowé wis matèni akèh wong ing bumi ing ngarep-Ku.
-