-
1 Para Raja 5:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Dadi, aku péngin mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahku, kaya janjiné Yéhuwah marang Daud bapakku, kandhané, ’Anakmu sing bakal Tak lungguhké ing takhtamu nggantèni kowé, ya dhèwèké kuwi sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku.’+
-
-
Zakharia 6:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Ngomonga marang dhèwèké,
”’Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Iki wong sing jenengé Tunas.+ Dhèwèké bakal ngetokké tunas saka panggonané dhéwé, lan dhèwèké bakal mbangun baité Yéhuwah.+ 13 Dhèwèké kuwi sing bakal mbangun baité Yéhuwah, lan dhèwèké bakal diluhurké. Dhèwèké bakal lungguh ing takhtané dadi raja lan imam.+ Dhèwèké bakal nindakké jabatan loro-loroné kuwi lan nggawé keadaan dadi damai.
-