-
1 Samuèl 19:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Ning, merga Yonatan sayang banget karo Daud,+ Yonatan ngandhani Daud, ”Saul bapakku péngin matèni kowé. Sésuk ésuk, kowé kudu ngati-ati. Kowé kudu lunga menyang panggonan sing aman lan ndhelika ing kono.
-
-
1 Samuèl 20:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Yonatan ngongkon Daud sumpah manèh demi katresnané Daud marang dhèwèké. Kuwi merga Yonatan nresnani Daud kaya nresnani dhèwèké dhéwé.+
-
-
1 Samuèl 20:41Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
41 Sakwisé pembantu kuwi lunga, Daud metu saka panggonan ing cedhak kono ing sisih kidul. Bar kuwi, Daud sujud ping telu. Terus, wong loro kuwi padha rangkulan* karo nangis, ning Daud sing luwih sedhih.
-
-
1 Samuèl 23:16-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 Yonatan anaké Saul saiki nemoni Daud ing Horès lan mbantu Daud bèn tambah yakin karo Yéhuwah.+ 17 Yonatan kandha, ”Aja wedi, Saul bapakku ora bakal nemokké kowé. Kowé bakal dadi rajané Israèl,+ lan aku bakal dadi wong sing nomer loro sakwisé kowé. Saul bapakku ya ngerti soal iki.”+ 18 Wong loro kuwi nggawé perjanjian+ ing ngarepé Yéhuwah. Bar kuwi Yonatan mulih, ning Daud tetep manggon ing Horès.
-