-
2 Samuèl 12:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Sakwisé kuwi Natan bali menyang omahé.
Terus, Yéhuwah nyebabké anaké Daud sing lair saka bojoné Uria dadi lara.
-
-
2 Samuèl 12:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Pas ndelok para abdiné padha bisik-bisik, Daud ngerti nèk anaké wis mati. Mula Daud takon, ”Apa bocah kuwi wis mati?” Wong-wong kuwi njawab, ”Iya, wis mati.”
-
-
2 Samuèl 13:10-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Terus Amnon kandha marang Tamar, ”Gawanen panganan* kuwi ing kamar, bèn kuwi isa tak pangan.” Mula, Tamar njupuk roti sing wis digawé kuwi, terus nggawa kuwi ing kamaré Amnon kakangé. 11 Pas Tamar nggawa panganan kuwi marang Amnon, Amnon nyekel dhèwèké lan kandha, ”Adhiku, kéné turu karo aku.” 12 Ning Tamar kandha, ”Aja, Mas! Aja ngrendhahké aku. Iki ora olèh ditindakké ing Israèl.+ Tumindakmu iki ora pantes.+ 13 Raiku arep tak dèlèh ngendi? Kowé ya bakal dirèmèhké ing Israèl. Coba takon dhisik karo Raja, dhèwèké mesthi bakal nuruti apa sing mbok jaluk.” 14 Ning, Amnon ora gelem ngrungokké Tamar. Merga Amnon luwih kuwat, dhèwèké memperkosa Tamar. 15 Sakwisé kuwi, Amnon mulai sengit banget marang Tamar, lan rasa sengité luwih gedhé timbang rasa senengé. Amnon kandha marang Tamar, ”Kana lunga saka kéné!”
-