-
2 Samuèl 17:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Terus Husyai ngandhani Imam Zadok lan Imam Abiatar+ soal naséhaté Ahitofèl marang Absalom lan para pemimpin Israèl. Husyai ya nyritakké soal naséhaté dhèwèké dhéwé. 16 Husyai kandha, ”Kowé kudu cepet ngandhani Daud, ngomonga, ’Bengi iki, aja turu ing padhang belantara ing panggonan kanggo nyabrang Kali Yordan,* ning kowé kudu nyabrang kali kuwi bèn Raja lan anak buahé ora dipatèni.’”+
-