-
2 Samuèl 19:25-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Wektu Méfibosyèt teka ing* Yérusalèm kanggo nemoni Raja, Raja takon, ”Méfibosyèt, ngapa kok kowé ora mèlu aku?” 26 Méfibosyèt njawab, ”Rajaku, njenengan ngerti nèk abdimu iki cacad.+ Mula aku ngandhani abdiku,+ ’Siapna keledai kanggo aku bèn isa tak tunggangi lan bèn aku isa lunga bareng Raja.’ Ning, dhèwèké ngapusi abdimu iki. 27 Dhèwèké mitnah abdimu iki ing ngarepé njenengan.+ Senajan ngono, Rajaku iki kaya malaékaté Gusti Allah sing bener. Mula, terserah njenengan aku arep diapakké.
-