-
Pangentasan 1:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Bidan-bidan kuwi njawab, ”Wong wédok Ibrani ora kaya wong wédok Mesir. Wongé kuwat-kuwat, wis nglairké sakdurungé bidan teka.”
-
-
Yosua 2:3-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Wektu krungu kuwi, raja Yérikho ngutus wong ngandhani Rahab, ”Serahna wong-wong sing teka lan nginep ing omahmu merga wong-wong kuwi arep ngamati dhaérah iki.”
4 Ning, Rahab ndhelikké wong loro kuwi. Dhèwèké kandha, ”Pancèn ana wong-wong sing teka mréné, ning aku ora ngerti asalé saka ngendi. 5 Pas wis peteng, wong-wong kuwi lunga wektu gerbang kutha arep ditutup. Aku ora ngerti wong-wong kuwi lunga ing endi, ning nèk cepet-cepet mbok oyak,* kowé mesthi isa nangkep wong-wong kuwi.”
-
-
1 Samuèl 19:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Terus, Mikhal cepet-cepet mbantu Daud mudhun liwat jendhéla. Mula, Daud isa mlayu lan lolos.
-
-
1 Samuèl 19:14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Saul ngirim utusan kanggo nangkep Daud, ning Mikhal kandha, ”Dhèwèké lagi lara.”
-
-
1 Samuèl 21:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Daud njawab Imam Ahimèlèkh, ”Aku dikèki tugas saka Raja, ning Raja kandha, ’Aja nganti ana sing ngerti soal tugas iki lan soal préntah sing tak kèkké kowé.’ Mula, aku janjian karo anak buahku arep ketemuan ing salah siji panggonan.
-