27 Pas Abnèr bali menyang Hébron,+ Yoab ngejak ngomong Abnèr ing samping gerbang. Tapi ing kana, Yoab nusuk wetengé Abnèr, terus Abnèr mati.+ Yoab nindakké kuwi merga Abnèr wis matèni* Asahèl+ adhiné.
5 ”Kowé ngerti dhéwé apa sing ditindakké Yoab anaké Zéruya marang aku lan marang loro pemimpin pasukané Israèl, yaiku Abnèr+ anaké Nèr lan Amasa+ anaké Yètèr. Yoab matèni wong loro kuwi padahal wektu kuwi ora ana perang.+ Dhèwèké ngregedi sabuké lan sandhalé nganggo getihé wong-wong kuwi.