-
2 Samuèl 21:8-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Mula, Raja milih Armoni lan Méfibosyèt, yaiku anak-anaké Saul sing dilairké Rizpa+ anaké wédok Aya, lan lima anaké lanang Adrièl+ anaké Barzilai wong Méhola sing dilairké Mikhal*+ anaké wédok Saul. 9 Terus, Daud nyerahké wong-wong kuwi marang wong Gibéon, lan wong Gibéon nggantung mayaté wong-wong kuwi ing gunung ing ngarepé Yéhuwah.+ Wong pitu kuwi dipatèni bareng-bareng. Wong-wong kuwi dipatèni pas awal musim panèn, yaiku pas awal musim panèn barli. 10 Bar kuwi, Rizpa+ anaké wédok Aya njupuk kain goni lan njèrèng kuwi ing ndhuwur watu bèn isa dilungguhi. Dhèwèké terus ana ing kono saka awal musim panèn nganti ana udan saka langit. Pas awan, dhèwèké nggusahi manuk-manuk ing langit bèn ora marani mayat-mayat kuwi. Pas bengi, dhèwèké nggusahi kéwan-kéwan liar sing ana ing padhang.
11 Daud krungu soal tumindaké Rizpa anaké wédok Aya, seliré Saul mau.
-