PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Mazmur 18:20-24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Yéhuwah mberkahi aku sesuai karo tumindakku sing bener.+

      Dhèwèké ngupahi aku merga aku ora salah.+

      21 Aku terus manut karo préntahé Yéhuwah,

      Lan aku ora ninggalké Gusti Allahku merga kuwi tumindak sing jahat.

      22 Kabèh préntahé terus tak éling-éling.

      Peraturané mesthi bakal tak gatèkké.

      23 Aku ora bakal nindakké sing salah,+

      Lan aku bakal ngedohi tumindak sing salah.+

      24 Muga-muga Yéhuwah ngupahi aku sesuai karo tumindakku sing bener,+

      Merga aku ora salah.+

  • Mazmur 24:3, 4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Sapa sing éntuk munggah ing gunungé Yéhuwah?+

      Sapa sing éntuk ngadeg ing panggonané sing suci?

       4 Wong sing tulus atiné lan ora nindakké sing salah,+

      Sing ora nggawé sumpah palsu demi jeneng-Ku*

      Lan ora nggawé sumpah sing tujuané kanggo ngapusi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim