25 Wektu krungu kuwi, Saul kandha, ”Kowé kudu ngomong ngéné karo Daud, ’Raja ora njaluk maskawin.+ Raja mung njaluk 100 kulit khitané+ wong Filistin kanggo mbales mungsuh-mungsuhé Raja.’” Kuwi siasaté Saul bèn wong Filistin matèni Daud.
27 Daud mangkat karo anak buahé lan matèni 200 wong Filistin. Terus, Daud mènèhké kulit khitané wong Filistin kuwi marang Raja bèn isa dadi mantuné.* Mula, Saul mènèhké Mikhal anaké wédok bèn dadi bojoné Daud.+