PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yosua 15:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Tanah bagéané*+ suku Yéhuda nurut keluargané yaiku saka batas dhaérahé wong Édom,+ Padhang Belantara Zin, nganti tekan Nègèb bagéan paling kidul.

  • Yosua 15:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Batas kuwi munggah ing Lembah Putra Hinom+ menyang lèrèngé wong Yébus+ ing sisih kidul, yaiku Yérusalèm.+ Batasé isih munggah manèh tekan puncak gunung sing madhep Lembah Hinom ing sisih kulon. Gunung kuwi ana ing bagéan paling lor Lembah Réfaim.

  • 2 Samuèl 5:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Bar kuwi, wong Filistin sepisan manèh teka lan mencar ing Lembah Réfaim.+

  • 1 Babad 11:15-19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Telu saka 30 pemimpin pasukan padha lunga menyang gunung watu merga arep marani Daud ing Guwa Adulam,+ lan pasukan Filistin kémah ing Lembah Réfaim.+ 16 Wektu kuwi Daud ana ing panggonané ndhelik, lan pos Filistin ana ing Bètlehèm. 17 Terus, Daud ngomongké kepénginané, ”Nèk aku isa ngombé banyu sing ana ing sumur cedhak gerbang Bètlehèm, aku mesthi bakal seneng banget.”+ 18 Wektu krungu kuwi, telu prajurit sing hébat mau nrobos perkémahané wong Filistin lan njupuk banyu saka sumur ing cedhak gerbang Bètlehèm, terus banyu kuwi diwènèhké Daud. Ning, Daud ora gelem ngombé banyu kuwi, terus banyu kuwi diesokké dadi korban kanggo Yéhuwah 19 Daud kandha, ”Oh Yéhuwah, aku ora mungkin ngombé banyu kuwi. Wong-wong kuwi wis toh nyawa bèn isa nggawa banyu iki.+ Nèk aku ngombé banyu kuwi, kuwi kaya ngombé getihé wong-wong kuwi.” Daud ora gelem ngombé banyu mau. Kuwi sing ditindakké telu prajurit sing hébat mau.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim