-
1 Babad 11:20, 21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Abisyai+ seduluré Yoab+ dadi pemimpiné telu prajurit hébat sing liyané. Dhèwèké matèni wong 300 nganggo tombaké, lan dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau.+ 21 Ing antarané telu prajurit hébat liyané mau, dhèwèké sing luwih diajèni timbang sing loro liyané, lan dhèwèké sing dadi pemimpiné. Senajan ngono, dhèwèké ora ngungkuli telu prajurit hébat sing pertama.
-