-
1 Para Raja 2:31, 32Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Raja kandha marang Bénaya, ”Tindakna apa sing dadi karepé. Patènana lan kuburen dhèwèké. Aja nganti aku lan keluargané bapakku mèlu tanggung jawab merga Yoab wis matèni wong sing ora salah.+ 32 Yéhuwah bakal mbales dhèwèké merga wis matèni Abnèr+ anaké Nèr pemimpin pasukané Israèl+ lan Amasa+ anaké Yètèr pemimpin pasukané Yéhuda.+ Tanpa dingertèni Daud bapakku, dhèwèké wis nyerang lan matèni wong loro sing luwih bener lan luwih apik timbang dhèwèké nganggo pedhang.
-