-
Pangandharing Torèt 7:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Aja nikah karo wong saka bangsa-bangsa kuwi. Aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang bangsa kuwi, lan aja nikahké anak-anakmu lanang karo anak-anaké wédok bangsa kuwi.+ 4 Anaké wédok bangsa kuwi bakal nggawé anakmu lanang nyembah allah-allahé bangsa kuwi.+ Terus, Yéhuwah bakal nesu banget karo kowé, lan Dhèwèké bakal langsung nyingkirké kowé.+
-
-
Néhémia 13:25-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Mula, aku nyenèni lan ngutuki wong-wong Yahudi kuwi, nggebugi sebagéan saka wong-wong kuwi,+ nyabuti rambuté, lan ngongkon wong-wong kuwi sumpah demi Gusti Allah. Aku kandha, ”Kowé kabèh aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang wong-wong kuwi. Kowé lan anak-anakmu lanang ya ora éntuk nikah karo anak-anaké wédok wong-wong kuwi.+ 26 Kuwi ta sing nggawé Salomo raja Israèl nindakké dosa? Saka antarané kabèh bangsa, ora ana raja sing kaya dhèwèké.+ Dhèwèké ditresnani Gusti Allahé,+ nganti Gusti Allah ndadèkké dhèwèké rajané kabèh wong Israèl. Ning, bojo-bojoné Salomo, yaiku wong-wong wédok asing, padha nggawé Salomo nindakké dosa.+ 27 Kok isa kowé nindakké dosa sing gedhé iki? Kowé wis ora setya marang Gusti Allahé awaké dhéwé, merga kowé nikah karo wong-wong wédok asing.”+
-