PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 17:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 kowé kudu nglantik raja sing dipilih Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Raja kuwi kudu dipilih saka bangsamu. Kowé ora éntuk milih wong asing sing dudu bangsamu. 16 Raja kuwi ora éntuk nduwé jaran akèh+ utawa ngongkon rakyaté bali ing Mesir bèn isa éntuk jaran luwih akèh,+ merga Yéhuwah kandha, ’Wong-wong kuwi ora éntuk bali ing Mesir.’

  • 1 Para Raja 10:24-26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Kabèh wong ing bumi ngupaya nemoni Salomo kanggo ngrungokké kawicaksanan sing diwènèhké Gusti Allah marang dhèwèké.+ 25 Saben taun wong-wong kuwi bakal mènèhi hadiah-hadiah, yaiku barang-barang saka pérak lan emas, klambi, senjata, minyak balsam, jaran, lan keledai.*

      26 Salomo terus nglumpukké kréta perang lan jaran.* Dhèwèké nduwé kréta perang 1.400 lan jaran 12.000.+ Salomo ndèlèhké kuwi kabèh ing kutha-kutha panggonané kréta lan ing cedhak Raja ing Yérusalèm.+

  • 2 Babad 1:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Salomo terus nglumpukké kréta perang lan jaran.* Dhèwèké nduwé 1.400 kréta perang lan 12.000 jaran.+ Dhèwèké ndèlèhké kuwi ing kutha-kutha+ panggonané kréta lan ing cedhaké Raja ing Yérusalèm.+

  • 2 Babad 1:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Saben kréta sing dituku saka Mesir regané 600 dhuwit pérak, lan saben jaran regané 150 dhuwit pérak. Terus, kuwi diedol marang rajané wong Hèt lan raja-raja Siria.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim