17 Dhèwèké nggawé wadhah lampu+ saka emas murni. Carané nggawé dibentuk nganggo palu. Wadhah lampu kuwi ana alasé, gagangé, cabang-cabangé, kelopaké, kuncupé, lan kembangé. Kabèh kuwi digawé saka emas sak batang. Nggawéné ora dipisah-pisah.+
20 Bintang sing mbok delok ing tanganku tengen lan wadhah lampu saka emas sing jumlahé pitu kuwi rahasia suci, lan iki artiné: Bintang pitu nggambarké para malaékat ing jemaat pitu lan wadhah lampu sing jumlahé pitu nggambarké jemaat pitu.+